- Manfaat Ilmu
ه
اَلْحَمْدُ
ِللهِ الَّذِى فَضَّلَ بَنِيْ أَدَمَ بِا لْعِلْمِ وَالْعَمَلِ. وَالصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ عَلَى كُلِّ حَالٍ. وَ عَلَى اَلِهِ
وَاَصْحَا بِهِ اَصْحَابِ الْكَرَامَةِ وَالْكَمَلْ أمّا بعد
Minangkani
awalipun atur kulo ing mriki kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT
ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat, Ni’mat, dumateng kulo, lan
panjenengan sedoyo, sehinggo kulo lan panjenengan saged karoyo-royo bucal
thempo ninggalno griyo, ninggal bondho lan rojo koyo sami saget rawo wonten ing
majlis puniko boten ategas prawan golek joko, utawi dudo golek rondho. Nanging
leres-leres golek ilmu Agomo. Ilmu sing keno kangge sangu dateng griyane moro tuwo.
Shoho ilmu sing keno kangge sangune ngadep datang kang moho kuoso.
Poro
rawuh ingkang kulo hormati !
Sebagai
pengajak kulo monggo iang saat meniko kulo lan panjenengan samiho niat ngaji.
Niat ibadah dateng ngarsanipun Allah SWT. Keranten pancen dados tiyang Islam
lho Pak?! Bu?! Ngaji niku wajib tumrap kito sedoyo. Kanjeng Nabi dawoh :
طَلَبُ
الْعَلْمِ فَرِيْضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسِلِمٍ وَمُسْلِمَةٍ (رواه ابن عبد البر)
Ingkang
artosipun :
“Bilih
pados ilmu meniko dipun fardhuaken tumrap saben-saben tiyang Islam jaler lan
istri“
Soho
kanti hadist meniko kito sampun jelas bilih pados ilmu meniko merupakan proses
ingkang serba terus tanpa wonten bates waktu baik kapanpun, dimanapun dan dalam
keadaan bagaimanapun. Dados senajan tiyangnipun sampun tuwek, elek, ngrowek,
untune entek, ora tedas peyek, meniko tetep kewajiban pados ilmu.
Poro
Rawuh ingkang kulo hormat !
Keranten
tiyang niku menawi boten gadah ilmu senajan toh ibadah sampek jungkir balik,
utawi ibadah mempeng, tapi boten dipun ilmuni meniko tiwas bal gedual.
وُ
كُلُّ مَنْ بِغَيْرِ عِلْم يَعْمَلُ اَعْمَالُهُ مَرْ دُوْ دَةٌ لاَ تُقْبَلُ
Tiyang
niku menawi boten gadah ilmu, ngamalipun boten dipun terimo dening Alloh.
Mardudatun Laa tugbalu.
Pramilo
sangkeng meniko, monggo Poro Rawoh sedoyo terutama adik-adik lan generasi
Muda-mudi remaja Islam. Kito tingkataken anggen kito belajar. Supados benjang
angsal ilmu ingkang katah lan manfaat soho ilmu ingkang saget beto bahagia lan
wilujeng donyo lan akherat. Hal meniko cocok kalian dawohipun Alloh wonten Al-Qur’an,
Surat Al-Mujadalah ayat 11
يَرْفَعِ
الله ُ الَّذِ يْنَ آمَنُوْا مِنْكُمْ وَالَّذِ يْنَ أُوْتُوْا الْعِلْمَ
دَرَجَاتٍ
Artosipun
:
“Allah
bade ngangkat derajatipun tiyang-tiyang ingkang beriman lan tiyang-tiyang
ingkang nggadahi ilmu dateng pinten-pinten derajat“
Tapi
sa’wangsulipun menawi kito boten anggadahi ilmu boten saget ngaji lan boten
purun belajar lan boten sekolah, tengriyo namung kluyur-kluyur jogrok
klimprak-klimprik kados sarung goyor, niku nggih boten patut, sampun
ketinggalan jaman. Amargi, niki sampun jaman merdeka boten kados jaman
penjajah. Sa’niki sampun kathah sekolahan sampun kathah tempat-tempat
pendidikan. Pramilo monggo kito tingkataken anggen kito belajar, pados ilmu
pengetahuan ingkang kathah. Soho dumateng poro Bapak, Ibu sampun ngantos
ketinggalan, ojo sampek gadah putro sing lolak-lolok, boten purun sekolah,
boten purun ngaji, boten purun datang masjid, datang langgar, lan
sanes-sanesipun. Keranten lare niku menawi boten kenal pendidikan, nopo maleh
pendidikan Ilmu Agama. Niku nggeh nyusahaken tiyang sepuh nipun. Menawi
kentandang gaweh boten purun. Sa’bendino ngente’no sego, jaluki duwit, di
tuturi boten manut, karo Ibu nesu, karo bapak galak, karo Embah mbantah, karo
Kakang mbangkang, karo Paklek mendelik, karo Pakdhe gumedhe, karo dulur
ngladur, karo tonggo ora duwe dugho. Diajar nangis, kon minggat boten budal, di
guwak moleh bendino ngentekno sego, didhol ora payu Akheripun tiyang sepuhipun
namung susah, gelisah pikiran jibek napas sesek, dodo ampek, awak dredek,
kuping gemrebek weteng muneg-muneg, irung pilek, awak sak kujur rasane dredek,
bendino kur telek-telek mergo duwe anak ndablek kon mergawe ora untek menengahe
malah mbegegek lek ngeteniki tiyang sepuh susah menopo boten? Poro Bapak Poro
Ibu? Mulane monggo putro-putrine dipun didik ingkang saestu supados leres-leres
saget kados lare ingkang berguna bagi Agama, Bangsa lan Negoro, Soho ingkang
saget menjunjung tinggih Harkat lan Martabat tiyang sepuhipun kaleh. Ingkang
cocok dawohipun kanjeng Nabi
خَيْرُ
النَّاسِ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّآسِ
Artosipun
:
“Sa’bagus-baguse
menongso yoiku sing manfaat marang, menungso liyane“
Poro
rawo ingkang kulo hormati !
Kintenipun
cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten.
و
بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
Tidak ada komentar:
Posting Komentar